Kidung Pangadhuh 3
Aku iki wong kang ngalami sangsara
marga saka panggebaging dukane Pangeran.
Panjenengane nundhung lan nglampahake aku
ana ing pepeteng kang ora ana padhange.
Lah aku katibanan ing astane marambah-rambah,
nganti sadina muput.
Daging lan kulitku didamel susut,
balungku padha ditugeli.
Pangeran ngedegake tembok ngungkuli aku,
ngupengi aku kalawan kaprihatinan
lan kasusahan.Aku dipapanake ing panggonan kang peteng,
kaya wong kang wus mati suwe.
Aku dipepeti, dalan metu ditutup kabeh
sarta ditaleni nganggo rante kang abot.
Sanadyan aku sambat-sambat lan bengok-bengok nyuwun tulung,
pandongaku ora dipiyarsakake.
Dalan-dalanku padha dipepeti nganggo watu tatahan,
didadekake ora kena diambah.
Panjenengane prasasat bruwang kang ngadhang marang aku,
lan prasasat singa ana ing pandhelikan.
Dalan-dalanku dienggokake, aku disempal-sempal
lan ndadosake aku bingung.
Gandhewane wus dipenthang
lan aku kang dadi lesaning jemparinge.
Jemparinge kang ana ing endhonge
padha dilepasake kabeh,
padha manjing ing atiku.Aku dadi pepoyokane bangsaku kabeh,
digawe lagu pangece nganti sadina muput.
Aku diwaregi kalawan pepait
lan diombeni butrawali.
Untuku diremuk, srana aku diparingi mangan krikil,
lan aku diblesekake ing lebu.
Nyawa kawula Paduka pisahaken saking ing katentreman,
kawula kasupen dhateng kabegjan.
Ing kono pangiraku: Misuwurku wus sirna,
lan pangarep-arepku marang Pangeran Yehuwah wus ilang.
“Paduka mugi ngengeti kasangsaran saha anggen kawula kalunta-lunta,
punapadene wontenipun butrawali lan wisa.”
Nyawa kawula tansah kengetan dhateng prakawis punika,
saha nglemprek wonten ing lebet kawula.
Nanging iki kang dakrasakake,
lan kang njalari aku duwe pangarep-arep:
Sih-kamirahane Pangeran Yehuwah iku tanpa pedhot,
lan sih-kawelasane ora ana enteke.
Tansah lumintu, ganti-gumanti saben esuk.
Saestu ageng kasetyan Paduka punika!
Osiking atiku: “Pangeran Yehuwah iku dadi pandumanku,
mulane dakarep-arep.”
Pangeran iku sae tumrap wong kang padha nganti-anti,
tumrap nyawa kang ngupaya Panjenengane.
Becik manawa wong nganti-anti
marang pitulungane Sang Yehuwah kalawan sabar.
Becik manawa wong lanang mikul
pasangan nalika nome.
Iku lungguha dhewekan lan menenga,
manawa lagi dietrapi dening Pangeran Yehuwah.
Ambruka lan nempelna raine ing lebu,
bokmanawa isih ana pangarep-arep.
Pipine diulungna marang kang napuk,
dinganti wareg anggone dipoyoki.
Awit Pangeran Yehuwah anggone nyebratake
ora ing salawase.
Amarga sanadyan Panjenengan maringi kaprihatinan,
iya nuli paring palimirma,cundhuk karo sih-kadarmane.
Awit ora kalawan lila-legawaning galihe
manawa maringi kasusahan lan kaprihatinanmarang para anake manungsa.
Manawa ana wong kang ngidak-idak
sakehe wong tawanan ing salumahing bumi,
manawa wewenanging wong dienggokake
ana ing ngarsane Kang Mahaluhur,
manawa wong ditanduki kang ora adil tumrap prakarane,
iku apa ora diuningani dening Pangeran Yehuwah?
Sapa ta kang ngandika lan samubarang kabeh banjur ana?
Apa dudu Pangeran kang ndhawuhake?
Kang ala lan kang becik iku wijile
apa ora saka lesane Kang Mahaluhur?
Yagene wong urip padha nggresah?
Saben wong nggresaha marga saka dosane!
Mara, payo padha naliti lan mriksa urip kita,
sarta padha bali sowan marang Sang Yehuwah.
Mara, payo padha ngulukake ati lan tangan kita
marang Gusti Allah ing swarga lan munjuk:
Kawula sampun nerak lan mbalela,
mangka Paduka boten paring pangapunten.
Paduka singeban bebendu,
sarta mbujeng kawula, Paduka pejahi tanpa piwelas.
Paduka singeban mendhung,
satemah pandonga kawula boten saged nembus.
Kawula sami Paduka dadosaken jember lan nistha
wonten ing satengahipun para bangsa.
Sakathahipun mengsah kawula,
sami ngungel-ungelaken kawula.
Kawula kataman pagiris sarta kalajiret,
karisakan lan pagempuran.
Luh kawula mili kados lepen
awit saking risaking putrinipun bangsa kawula.
Luh kawula tansah crocosan,
tanpa wonten kendelipun;
ngantos Pangeran Yehuwah ngudaneni saking nginggil
saha mirsani saking swarga.
Mripat kawula ngantos kraos perih
awit saking kawontenanipun para putri ing kitha kawula.
Kawula dipun uber-uber kados peksi
dening tiyang ingkang sami mengsah dhateng kawula tanpa sabab.
Kawula dipun cemplungaken dhateng luweng gesang-gesangan,
sarta dipun banggali sela.
Toya mbanjiri sirah kawula,
kawula nginten: “Bilai aku saiki.”
“Dhuh Yehuwah, kawula nyebut asma Paduka
saking dhasaring luweng ingkang lebet.
Paduka miyarsakaken swara kawula.
Paduka sampun ngantos nutupi talingan Paduka
tumrap pangadhuh saha pasambat kawula.Nalika kawula sesambat dhateng Paduka,
Paduka celak sarta ngandika: Aja wedi.”
“Dhuh Yehuwah, Paduka sampun mbelani prakawis kawula,
sarta sampun ngluwari gesang kawula.
Dhuh Yehuwah, Paduka sampun nguningani
anggen kawula dipun etrapi ingkang boten adil;Paduka mugi karsaa maringi kaadilan!
Paduka sampun nguningani pangigit-igitipun tiyang-tiyang wau
saha sadaya pangrantamipun dhateng kawula.”
“Dhuh Yehuwah, Paduka sampun midhangetaken pamemadanipun,
dalah pangrantamipun dhateng kawula;
punapadene wicantenipun tiyang-tiyang ingkang sami nglawan dhateng kawula,
sarta malih pangangen-angenipun awon tumrap kawula sadinten muput!
Mugi Paduka pirsani ngadeg-linggihipun,
kawula kadadosaken lagu pepoyokanipun.”
“Dhuh Yehuwah, Paduka badhe nandukaken piwales dhateng tiyang-tiyang wau,
miturut ing sapandamelipun.
Paduka badhe mangkotaken manahipun,
mugi sami kadhawahana laknat Paduka.
Dhuh Yehuwah, Paduka badhe mbujeng tiyang-tiyang wau klayan bebendu,
sarta sami badhe Paduka sirnakaken saking sangandhaping langit!”